Showing posts with label bahasa jawa. Show all posts
Showing posts with label bahasa jawa. Show all posts

Wednesday, June 13, 2018

Sekar Megatruh Laras pelog Pathet Barang




Sekar Megatruh Laras pelog  Pathet Barang



7   5    6   7    7    6    7   5   3    5   6   7
Si      gra     mi      lir    sang    ge     thek   si    nang    ga     ba     jul


7   7   7   7   6     6   76   5
Ka   wan   da     sa    kang    nja      ge       ni


2   3   5   5   5   6   6   6
Ing ngar   sa     mi    wah   ing  pung kur


3   2   2   2   2   2   32   7
Tan   a      pi    ing     ka    nan      ke     ring


3     5   6    6   7   5   65   32
Kang    ge   thek   lam   pah  nya      a        lon

Pidato Acara 1000 Dinten bahasa jawa


PIDATO ACARA 1000 DINTEN


ASSALAMMUALAIKUM WR.WB
       اَلْحَمْدُ ِللهِ رَ بِّ الْعَالَمِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَ    
  فِ الْمُرْ سَلِينَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ.
  اَمَّا بَعْدُ.
             Dhumateng almukarom simbah ky.Mahfuds ingkang kula bekteni.Para sepuh saha pinisepuh lan para tamu dusun Banjaran ingkang dhahat kinurmatan.Sumonggo langkung rumiyin kula dereaken rauh puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT  ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula saha panjenengan sedaya.Mugi solawat serta salam tansah linuuberna dhumateng junjungan kula saha panjenengan serta panutan kula saha panjenengan Nabi Agung Muhammad SAW .

Para rawuh ingkang minulya
     Kula ingkang kapiji minangka sesulihipun Bp.H.Zaenal keparing badhe matur sautawis.Ingkang sepisan kula ngaturaken agunging panuwun awit panjenengan sedaya saget  rawuh dhateng sadhanipun dalem bapa H.Zaenal punika. selajengipun  perlu kawuningan  bilih  ing dallem bapa H.Zaenal punika ngaturi panjenengan sedaya mboten sanes ngaperlu ngadeni wilujengan 1000 dinten almarhum simbah slamet punika kanti prasaja .Bapa H.Zaenal ingkang kagunging hajat ngirim solawat serta do`a kagem arwahipun simbah  Slamet  mugi-mugi amal ingkang sae almarhum simbah Slamet ing donyo  punika, saget katampi dining ngarsanipun Allah SWT.Amin yarrobal allamin

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan
      Mekanten ingkang saget kula aturaken mugi-mugi sedaya panjenengan  dados amal ingkang sae .menawi bapa H.Zaenal punika angenipun nampi rawuh panjenengan sedaya  wonten kekurangan bapa H.Zaenal  yuwun pangapunten ingkang sauntawis
              Ingkang badhe ngimami pandonga punika kula aturaken almukarom simbah ky.Mahfuds  kula aturaken . Cekap semanten atur kula,mbok bilih woten kalepatan kula nyuwun agunging panganpunten.

Wabilahi taufiq wal hidayah.

       WASSALAMMUALAIKUM WR.WB



Pidato Pembukaan Tasyakuran Ranking 1 bahasa jawa



Pidato Pembukaan Tasyakuran Ranking 1
Assalamu’alaikum Wr.Wb
Para sesepuh pini sepuh tuwin para tamu sedaya ingkang dhadat kinurmatan. Sumonggo langkung rumiyin kula dhereaken puji syukur konjuk ingkang gusti maha agung inggih punika Allah SWT ingkang sampun paring rahmat,hidayah,saha inayahinpun dhateng kula saha para rawuh sedaya. Mugi shalawat saha salam tansah linuberna dhumateng Nabi Muhammad SAW.
Para rawuh ingkang minulya,kula ingkang kapiji minangka sesulihipun Bp.Nana Irwanto keparing badhe matur sautawis.
Ingkang kapisan,kula ngaturaken agunging panuwun awit panjenengan sedaya kersa rawuh wonten dalemipun Bp.Nana Irwanto.
Salajengipun,perlu kawuningan bilih ing wanci punika B.Nana Irwanto ngaturi para rawuh sedaya punika Bp.Nana Irwanto ngaturi para rawuh sedaya boten sanes saperlu ngadani,wilujengan awit Bp.Nana Irwanto kagungan hajat tasyakuran putranipun Bp.Nana Irwanto inggih menika dik Rashif Nabilun Nuha pikantuk rangking 1 wonten kelasipun.
Mugi dik Rashif,saged njagi saha ningkataken presasinipun wonten kelas.
Cekap semanten atur kula,mbok bilih woten kalepatan kula nyuwun agunging panganpunten.
Wabilahi taufiq wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr.Wb