Wednesday, June 13, 2018

Pidato Acara 1000 Dinten bahasa jawa


PIDATO ACARA 1000 DINTEN


ASSALAMMUALAIKUM WR.WB
       اَلْحَمْدُ ِللهِ رَ بِّ الْعَالَمِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَ    
  فِ الْمُرْ سَلِينَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ.
  اَمَّا بَعْدُ.
             Dhumateng almukarom simbah ky.Mahfuds ingkang kula bekteni.Para sepuh saha pinisepuh lan para tamu dusun Banjaran ingkang dhahat kinurmatan.Sumonggo langkung rumiyin kula dereaken rauh puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT  ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula saha panjenengan sedaya.Mugi solawat serta salam tansah linuuberna dhumateng junjungan kula saha panjenengan serta panutan kula saha panjenengan Nabi Agung Muhammad SAW .

Para rawuh ingkang minulya
     Kula ingkang kapiji minangka sesulihipun Bp.H.Zaenal keparing badhe matur sautawis.Ingkang sepisan kula ngaturaken agunging panuwun awit panjenengan sedaya saget  rawuh dhateng sadhanipun dalem bapa H.Zaenal punika. selajengipun  perlu kawuningan  bilih  ing dallem bapa H.Zaenal punika ngaturi panjenengan sedaya mboten sanes ngaperlu ngadeni wilujengan 1000 dinten almarhum simbah slamet punika kanti prasaja .Bapa H.Zaenal ingkang kagunging hajat ngirim solawat serta do`a kagem arwahipun simbah  Slamet  mugi-mugi amal ingkang sae almarhum simbah Slamet ing donyo  punika, saget katampi dining ngarsanipun Allah SWT.Amin yarrobal allamin

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan
      Mekanten ingkang saget kula aturaken mugi-mugi sedaya panjenengan  dados amal ingkang sae .menawi bapa H.Zaenal punika angenipun nampi rawuh panjenengan sedaya  wonten kekurangan bapa H.Zaenal  yuwun pangapunten ingkang sauntawis
              Ingkang badhe ngimami pandonga punika kula aturaken almukarom simbah ky.Mahfuds  kula aturaken . Cekap semanten atur kula,mbok bilih woten kalepatan kula nyuwun agunging panganpunten.

Wabilahi taufiq wal hidayah.

       WASSALAMMUALAIKUM WR.WB



No comments:

Post a Comment